Geguritan (Javanese Poetry)

​==Seneng Tetulung ==

dianggit dening : Angga Brian F. 


Dadi manungsa kudu gelem tetulung

peduli marang wong liya

aku nulung pas dibutuhake

aku ditulung pas mbutuhake

 

tetulung kudu lila

tetulung ora ngarep apa-apa

padha butuh padha nulung

saka susah dadi bungah


mula padha seneng tetulunga

bisa nambah seduluran

bisa nambah ganjaran

paedahe kanggo kauripan